Ngupakara Tegese

Ngupakara Tegese

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil xi

WULANGAN 4
UPACARA ADAT

?[fsmwcrnegrmwtt.

Kompetensi Dasar
3.4 Menelaah teks deskripsi tentang upacara adat.

Indikator :
3.4.one Menjawab pertanyaan bacaan.
3.4.2 Menuliskan pokok- pokok isi bacaan upacara adat

A. Ngrungokake lan Micara

Semaken andharane gurumu ngenani upacara adat ing ngisor iki ! Tulisen bab-bab
sing kokanggep penting ing kertas/ buku cathetanmu !

Upacara Adat Nyukur Rambut Gembel

Ana sawijining tradhisi sing saben taun

dipengeti ing tlatah Wonosobo yaiku
upacara adat nyukur rambut gembel.
Upacara iki mung dipengeti ing tlatah
Wonosobo awit pancen ana gegayutane

karo sejarahe kutha iki. Kacarita, ing jaman

biyen ana kyai cacah telu rawuh ing sawijining

alas ( alas = wana ) sing saiki diarani

Wonosobo. Kyai mau asmane Kyai Karim,

ana gegayutane Kyai Kaladite, lan Kyai Walik. Ya kyai telu mau
sing mandhegani adeging kutha Wonosobo.
Dene sing
karo tata upacara adat nyukur rambut gembel yaiku Kyai

Kaladite amarga panjenengane iku sing kajibah nggulawenthah bocah-bocah.

Kyai Kaladite kagungan rikma sing dawa lan gembel. Sadurunge muksa paring

pangandikan mangkene : “ Para sadulur, sapungkurku mengko, yen ana bocah sing
rambute gembel, aja dimunasika, jalaran kuwi isih momonganku! “ Mula nganti
wektu saiki, ing tlatah Wonosobo yen ana bocah sing rambute gembel, anggone
nyukur kudu nganggo tata upacara adat amarga bocah kuwi kalebu bocah sukerta

sing kudu diruwat. Yen ora diruwat, manut kapitayane masyarakat kono bocah

rambut gembel mau bisa nuwuhake sambekala. Nanging yen diruwat, bocah-

bocah mau bakal ngrejekeni. Kajaba iku yen bocah-bocah rambut gembel iku

dicukur tanpa diruwat dhisik, rambut sing thukul bisa gembel maneh lan bocahe

tansah lelaranen.

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 22

Kapan bocah rambut gembel iku bisa dicukur rambute ? Pranyata rambut
gembel mau oleh dicukur yen bocahe wis nyuwun dhewe kepengin cukur. Biasane
saliyane nyuwun dicukur, bocah mau uga duwe panyuwunan liyane sing kudu
disembadani dening wong tuwane. Upamane nyuwun endhog, nyuwun gula jawa,
utawa nyuwun ditanggapake ringgit purwa, lan liyane sing kala-kala panyuwunan
mau ora klebu nalar. Yen panyuwunan iku ora dituruti, bocahe bisa lara lan angel
diusadani. Mung eloke, lumrahe panyuwunan mau manut kekuatane wong tuwane.

Ubarampe sing dicawisake kanggo upacara adat nyukur rambut gembel yaiku

1. Payung
2. Beras kuning
iii. Baki sing dilambari mori putih karo gunting
4. Kembang telon sing diselehake ing tuwung
5. Tumpeng warna-warni ( tumpeng : megana, rasul, robyong, putih, lan bucu cilik )
6. Ingkung ayam Jawa
vii. Bubur abang putih
8. Jajan pasar

Dene tata rakiting upacara kaya mangkene :

Sedina sadurunge upacara ruwatan, ubarampe sing diperlokake kanggo
upacara ruwatan wis dicawisake wong tuwane si gembel ( sebutane bocah rambut
gembel ). Ing dina sing wis pinilih sadurunge acara diwiwiti kabeh ubarampe
ruwatan mau digawa ing Candi Arjuna. Sirahe bocah diblebet nganggo kain putih
nganti bathuke ketutupan. Bocah gembel mau terus dikirab numpak dhokar,
ditutake para penari lan barongsai. Kirabe ngubengi kampung lan Jalan Raya
Dieng dipungkasi ing platarane Candi Arjuna.

Sawise kirab, terus dianakake siraman ing
sumur Sendhang Sedayu sing mapan ing
kompleks Candi Arjuna. Nalika mlebu ing sumur
Sendhang Sedayu, bocah gembel mau
dipayungi nganggo Payung Robyong lan
dialing-alingi kain dawa ing sakupenge
sendhang. Rampung kuwi, bocah dikanthi
menyang papan kanggo nyukur ing kompleks
candi. Bocah sing rambute gembel dipangku
wong tuwane lan dijagari eyange, yen eyange
isih sugeng. Sesepuh sing mandhegani upacara
banjur ngendika : “ Ing dinten
menika badhe mbucal sukeripun lare menika kanthi nyukur rambut ingkang gembel,
pramila nyuwun restu dhumateng Kyai Karim, Kyai Kaladite, saha Kyai Walik supados
tansah njangkungi dhumateng lare menika. “ Diterusake dedonga babarengan
karo para rawuh. Sawise ndedonga, rambut sing gembel dikebuli menyan lan
diwiwiti nyukur. Sing sepisanan nyukur yaiku sesepuh desa, disusul para sesepuh sing
liyane.

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 58
58

Sasuwene nyukur, bocah mau kudu dipayungi lan dikepyuri beras kuning.
Rampung kacukur, rambut gembel dibuntel nganggo kain mori putih terus dilarung ing
Tlaga Warna sing mili menyang Kali Serayu terus menyang Segara Kidul nganti ing
Samudra Hindia. Sawise kuwi bocah diutus maem jajan pasar lan daging ingkung
sacukupe. Ora lali, barang sing dadi panyuwune bocah diparingake. Sing
pungkasan, sawernane tumpeng sing wis sumadiya dienggo kembul bujana
andrawina.

Nyukur rambut gembel iki ancas tujuane yaiku mbuwang sukertane bocah
saengga uwal saka pamangsane Bathara Kala. Amarga manut kapitayan bocah
sukerta iki ditunggoni jin, mula kanthi dicukur lan dilarung rambut gembele ateges
wis nglungakake jin mau lan mbalekake menyang Segara Kidul ( Nyi Roro Kidul ).

( Kacuplik saka buku Padha Seneng Basa Jawa 3 lan artikel “ Makna Simbolik
Ruwatan Rambut Gembel di Desa Kejajar Wonosobo “ Moh. ChoiruL Arif /
Andin Fathurrohman
jurnalilkom.uinsby.ac.id/index.php/jurnalilkom/article/view/40/34)

B. Negesi Tembung Angel

1. dipengeti : dieling-eling kanthi nganakake acara ( diperingati, B. Ind )
2. gegayutan : sesambungan, gandhengane ( hubungane, B. Ind )
3. mandhegani : mimpin
4. kajibah : duwe jejibahan. duwe tugas
five. nggulawenthah : ngupakara, ngopeni
6. muksa : ilang, mati ilang sak ragane
7. dimunasika : diganggu gawe
8. bocah sukerta : bocah sing dianggep nandang bebendu/ alangan
9. diruwat : diluwari saka bebendu/ alangan
10. kapitayan : kapercayan
11. nuwuhake : …………………………………………………………………………………
12. sambekala : …………………………………………………………………………………
13. disembadani : …………………………………………………………………………………
fourteen. ringgit purwa : …………………………………………………………………………………
15. diusadani : …………………………………………………………………………………
xvi. ………………………… : …………………………………………………………………………………
17. ………………………… : ………………………………………………………………………………….
eighteen. ………………………… : ………………………………………………………………………………….
19. ………………………… : ………………………………………………………………………………….
20. ………………………… : ………………………………………………………………………………….

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 59
59

C. Mangsuli Pitakon

Gawenen kelompok akehe 4 siswa. Garapen gladhen ing ngisor iki bebarengan
karo kanca kelompokmu !
one. Upacara nyukur rambut gembel mung dianakake ing tlatah (a) ……………………………..

jalaran upacara mau ana gegayutane karo (b) …………………………………….. Tlatah
mau biyen awujud (c) ……………………………………….. mula saiki diarani Wonosobo.
Biyen ana kyai cacah telu sing rawuh ing kono yaiku (d)…………………….,
……………………., lan …………………….. Nanging sing ana sesambungane karo adat
nyukur rambut gembel yaiku Kyai (e)……………………………………………… amarga
panjenengane kagungan rikma sing (f)………………………………………………………
Piwelinge kyai mau marang para warga yaiku
(g)…………………………………………………………………….. Bocah rambut gembel mau
dicukur yen dheweke (h) ……………………………………….. Upama bocah mau dicukur
tanpa diruwat luwih dhisik bocah mau bisa (i) …………………………………..
lan rambute bisa (j)……………………………………………………..

Baca Juga :   Dibawah Ini Yang Merupakan Contoh Komunitas Adalah

two. Sebutna apa bae ubarampene upacara nyukur rambut gembel. Coba goleka
informasi kanthi nyuwun priksa marang para sesepuh utawa golek ing internet,
ubarampe mau ngemu pitutur ( makna simbolik ) apa ?
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
3. Sebutna pokok-pokok isi upacara nyukur rambut gembel adhedhasar wacan!
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………………

Pandhu Basa kelas ix semester Ganjil 60
60

Uji Kompetensi

I. Wangsulana kanthi trep pitakonan ngisor iki!

i. Kyai Kaladite kagungan rikma sing dawa lan gembel. Tembung rikma tegese
….
a. Rambut
b. Jubah
c. Kasekten
d. Pusaka

2. Upacara adat sing saben taun mung dipengeti ing tlatah Wonosobo yaiku
….
a. Sedhekah Bumi
b. Nyukur Rambut Gembel
c. Tedhak Siti
d. Sekaten

3. Bocah sing kudu diruwat manut adat Jawa iku diarani ….
a. Bocah nakal
b. Bocah desa
c. Bocah sukerta
d. Bocah laranan

4. Bocahe bisa lara lan angel diusadani. Tembung diusadani tegese ….
a. Diajak
b. Ditambani
c. Dituruti
d. Dituturi

v. Upacara adat ing dhuwur mau ana sesambungane karo Kyai sing biyen
melu mandhegani adeging kutha Wonosobo, yaiku Kyai ….
a. Karim
b. Walik
c. Kaladite
d. Abdullah

6. Manut kapercayane masyarakat yen bocah-bocah sing dianggep sukerta
ora diruwat bisa ….
a. nekakake alangan
b. nekakake rejeki
c. nekakake kabegjan
d. nekakake kamulyan

seven. Kapan adat nyukur rambut gembel dilakoni?
a. Nalika bocah rambut gembel mau lair.
b. Nalika bocah rambut gembel mau njaluk.
c. Nalika bocah ngancik diwasa.
d. Nalika wong tuwane bocah arep ngruwat.

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 61
61

8. Upacara nyukur rambut gembel diwiwiti kanthi acara ….
a. Siraman
b. Kirab
c. Maem jadah
d. Tumpengan

nine. Ubarampene upacara adat nyukur rambut gembel salah sijine yaiku ….
a. beras kuning
b. gendera abang-putih
c. andha tebu
d. rujak

10.Ancase nglarung rambut gembel sing dicukur menyang Tlaga Warna kang
sabanjure mili menyang Segara Kidul yaiku ….
a. mbuwang sebel sial
b. supaya adhem
c. mbalekake jim menyang
d. supaya keli tekan adoh ora bali Nyi Roro Kidul

11.Adat nyukur rambut gembel iku tradhisi, ana uga tradhisi adat kang asring
dipahargya masyarakat, kajaba ….
a. munggah molo
b. ngedhun-edhuni
c. ulang taun
d. sedekah bumi

12.Sing pungkasan, sawernane tumpeng sing wis sumadya dienggo kembul
bujana andrawina. Tembung sumadya tegese ….
a. siyap
b. ana
c. digawe
d. akeh

13.Adat tradhisi nyukur rambut gembel dilakoni ing plataran candi ….
a. Sewu
b. plaosan
c. arjuna
d. sedayu

14. panjenengane iku sing kajibah nggulawenthah bocah-bocah. Tembung
nggulawentah tegese ….
a. ngopeni
b. ngajak
c. ngusadani
d. Nyukur

15.Ana pira cacahe kyai kang kasebut ing crita adat nyukur rambut gembel?

a. 2

b. 3

c. iv

d. v

Pandhu Basa kelas nine semester Ganjil 62
62

II. Wangsulana kanthi patitis!

1. Gawea ukara pitakon ngenani Upacara Nyukur Rambut Gimbal utawa Upacara

Tingkeban kanthi nganggo tembung pitakon iki !

Tuladha : Ing tlatah endi Upacara Nyukur Rambut Gimbal

dianakake ?

a. kenangapa : ……………………………………………………………………………………………

b. apa : ……………………………………………………………………………………………

c. sapa : ……………………………………………………………………………………………

d. kapan : …………………………………………………………………………………………….

e. kepiye : …………………………………………………………………………………………….

Biji Kapriksa

dina/tangg …………………………
aPl araf Dwija .Paraf Tiyang

Sepuh

Pandhu Basa kelas ix semester Ganjil 63
63

Kompetensi Dasar:
4.4 Menulis teks deskriptif tentang upacara adat.

Indikator:
4.4.1 Mengamati peristiwa upacara adat
4.4.2 Mencatat pokok- pokok peristiwa upacara adat
iv.4.iii Menyusun urutan peristiwa upacara adat
4.four.iv Menulis teks naratif peristiwa upacara adat yang dilihat.

B. Teks Wacan Upacara Adat

Wacanen kang premati !

UPACARA TINGKEBAN

Upacara Tingkeban utawa uga diarani mitoni iku salah sijine upacara sing

ditindakake kanggo mengeti jabang bayi umur seven wulan ing kandhutane ibu. Miturut

para winasis tembung mitoni asale saka tembung ‘ pitu ‘ , bisa ditegesi pitutur,

pituduh tumuju marang kabecikan lan kaluhuran. Dene yen sacara medis, nalika

jabang bayi ngancik umur 7 wulan dheweke wis duwe wewujudan utawa jasmani

sing wutuh kaya salumrahe manungsa. Mula kaanan iku terus dipengeti kanthi

nganakake syukuran.

Lumakune upacara tingkeban yaiku diwiwiti kanthi sungkeman. Ibu sing

nggarbini dikanthi garwane sungkem marang wong tuwa loro-lorone. Yaiku wong

tuwa saka pihak bapak luwih dhisik, diterusake marang wong tuwa saka pihak ibu.

Sing angka loro yaiku acara siraman. Calon bapak nyebarake kembang mlathi

ing

jero genthong isi banyu, ibu sing mbobot mau

nganggo sandhangan jarit lan kemben lungguh

neng panggonan sing wis cumawis. Kanthi

diampingi garwane, calon ibu mau wiwit disirami

dening para sepuh kakung lan putri cacahe

pitung pasang. Sing sepisanan nyirami yaiku

wong tuwa saka pihak kakung. Ibu maratuwa

nyiramake banyu kembang ing pamidhangan kanan kering terus ing

mustakane. Kaya mengkono mau genti genten nganti kabeh sesepuh rampung

nyirami.

Rampung kuwi diterusake acara mecah tigan sing ditindakake calon

bapak, karo ngendika : “ Lanang gelem, wadon gelem, waton slamet ! ” Endhog

ditempelake urut saka panglarapan, medhun tekan kandhutan, terus dipecah. Ukara

ing dhuwur ngemu teges yen kita kudu narima ing pandum apa sing diparingake

Gusti Allah, putra lanang apa wadon. Sing luwih wigati ibu lan putra sing dilairake

kabeh slamet lan lair kanthi gangsar. Nalika nggarisake endhog mau badane calon

ibu ditutup nganggo kain putih sing nglambangake suci.

Sawise kuwi diterusake acara patut-patut. Ing acara iki, ibu sing mbobot ganti

busana kaping pitu. Busana sing diagem mujudake pilihane para sesepu

Busana sing paling 64
Pandhu Basa kelas nine semester Ganjil 64

pungkasan diagem lumrahe dipilihake jarit “ Truntun” lan kemben “ Banguntulak “.
Jarit lan kemben mau mengku teges lan panyuwunan supaya bapak ibu sing bakal
nampa momongan mau tansah rukun turun-tumurun lan kalis saka rubeda.

Rampung acara patut-patut, diterusake procotan cengkir sing digambari
Kamajaya Kamaratih. Calon bapak milih salah sijine cengkir mau kanthi cara
mungkur. Yen sing dijukuk cengkir sing gambar Kamajaya, manut kapercayan bayine
mengko lair kakung, dene yen sing kajukuk gambar Kamaratih, suwalike, bayine
wadon.

Cengkir sing kapilih mau terus diemban ibu marasepuh lan ditembangi kaya
ngemban bayi. Bar kuwi terus dipapras nganggo bendo.
Yen banyu sing metu saka cengkir
muncrat dipercaya bayine mengko
lanang. Nanging yen banyu sing metu
ndlewer, ateges bayine wadon. Kuwi
mung manut kapercayan bae, dene
kanyatane lanang apa wadon kabeh
saka kuwasane Gusti Allah.

Baca Juga :   Dampak Modernisasi Dalam Keluargamu Cenderung Mengarah Pada Proses Seperti Apa

Acara sing sabanjure yaiku syukuran

ngiris tumpeng loro. Pucuke tumpeng
singm,mm

siji diaturake marang bapak ibu marasepuh ( saka pihak calon bapak ), dene sijine
maneh diaturake marang wong tuwane pihak ibu. Minangka acara sing pungkasan
yaiku dodol rujak lan dhawet dening calon bapak lan ibune si jabang bayi. Acara iki
ngemu surasa supaya bayi ing tembe tansah pinaringan murah rejeki.

( Sumber : majalah RONCE edisi ii / 05, kajarwakake lan kabesut
saperlune )

C. Negesi Tembung Affections

1. Mengeti ngeling-eling kanthi nganakake sawijining acara
2. winasis : wong pinter
iii. nggarbini : mbobot, ngandheg, meteng
4. kemben : panganggo sisih dhuwur kanggo nutup dhadha
5. cumawis : cumepak
6. pamidhangan : pundhak
7. mustaka : sirah
8. panglarapan : …………………………………………………………………………………………
9. wigati : …………………………………………………………………………………………
10. gangsar : …………………………………………………………………………………………
11. ………………… : …………………………………………………………………………………………
12. ………………… : …………………………………………………………………………………………
13. ………………… : …………………………………………………………………………………………
14. ………………… : …………………………………………………………………………………………
15. ………………… : …………………………………………………………………………………………

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 65
65

TUGAS 1

1. Sawise maca teks upacara adat ing dhuwur, minangka gladhen wangsulana
pitakonan ing ngisor iki !
a. Arane upacara adat ing wacan dhuwur mau yaiku ……………………………………………
b. Upacara adat mau ditindakake ing tlatah ………………………………………………………
c. Ancas tujuane pengetan upacara adat mau yaiku ……………………………………………
d. Tulisna urutan lumakune upacara adat ing wacan dhuwur mau !
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
…………………………………………………………………………………………………………………
eastward. Piranti / ubarampene sing dienggo ing upacara mau yaiku, tuladha :
– banyu kembang
– tigan
Golekana liyane !
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
f. Ing upacara adat mau ana pitutur utawa perlambang sing becik kanggo
pasinaone wong ngaurip, tuladhane :
– Sungkeman, tegese nyuwun idi pangestu marang wong tuwa loro, ngemu pitutur
yen putra iku kudu tansah ngurmati marang wong tuwa sing wis dadi lantarane
lair ing donya.
– Siraman, tegese disirami, diresiki, disuceni, ngemu pitutur sadurunge nglakoni/
nindakake samubarang gawe/ gegayuhan kudu resik utawa suci lair lan batine.
Golekana pitutur lan perlambang sing liyane !
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….
………………………………………………………………………………………………………………….

2. Wacanen maneh teks Upacara Tingkeban. Tulisna pokok-pokoke wacan saben

paragraf!

………………………………………………………………………………………………………………….

…………………………………………………………………………………………………………………..

………………………………………………………………………………………………………………….

…………………………………………………………………………………………………………………..

………………………………………………………………………………………………………………….

…………………………………………………………………………………………………………………..

………………………………………………………………………………………………………………….

…………………………………………………………………………………………………………………..

3. Gawea cengkorongan / kerangka karangan manut pokok-pokoke crita sing wis

koktulis!

………………………………………………………………………………………………………………….

…………………………………………………………………………………………………………………..

..P..a..n..d..h.u…B..a..s.a…thou.east..l.a.south..nine…s.east..m..e.south..t.e.r..G…a.north..j.i.l…………………………………………………………………… 66
66

…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..

4. Saka cengkorongan mau tulisen maneh kanthi ringkes isine Upacara Tingkeban
nganggo ukaramu dhewe, basa krama !

………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..
………………………………………………………………………………………………………………….
…………………………………………………………………………………………………………………..

D. Nulis Wacan Diskriptif Upacara Adat

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 67
67

Wacan “ Upacara Tingkeban “ ing dhuwur mau kalebu jinising teks deskriptif.
Sing diarani teks deskriptif yaiku tulisan sing isine nggambarake sawijining objek,
panggonan, utawa prastawa tartamtu kanthi cetha lan trawaca, saengga wong sing
maca tulisan mau kaya-kaya melu ndeleng, krungu, ngambu, utawa ngrasakake apa
sing dicritakake.

Sawijining paragraf digolongake minangka paragraf deskriptif yen duwe ciri-ciri /
titikan kaya ing ngisor iki :
1. Isine nggambarake sawijining kaanan utawa prastawa.
two. Anggone njlentrehake kaanan mau kanthi cetha lan trawaca.
three. Nalika wong maca tulisan mau, dheweke kaya-kaya melu ngrasakake,
ndeleng, utawa ngalami apa sing dicritakake ing paragraf mau.
4. Paragraf mau uga nyebutake ciri-ciri fisik objek kaya ta warna, wujud, utawa
perangan- perangane objek kanthi trawaca.
Paragraf deskripsi bisa dipilah-pilah maneh manut objek sing digambarake.
Wacanen
jinising paragraf deskripsi ing ngisor iki !
1. Paragraf Deskripsi Spatial
Objek sing digambarake ing paragraf iki awujud barang utawa panggonan.
Tuladhane:

Ing Kabupaten Purbalingga ana kali sing arane Kali Klawing.
Dawane 25 km, wiwit lor mangidul, saka sikile Gunung Slamet tumeka ing
Desa Kedungbenda, Kecamatan Kemangkon. Ing kono ketemu karo kali
Serayu. Kali iku uga mujudake anakane Kali Serayu sadurunge tekan
Samudra Republic of indonesia. Wis rong taun iki Kali Klawing ora mung rame dening
ombyaking olahraga Arung Jeram nanging uga rame dening wong sing
golek watu kanggo bahan gawe watu
akik.

ii. Paragraf Deskriptif Subjektif
Paragraf iki nggambarake utawa nyritakake sawijining objek adhedhasar
pikiran lan panemune si panulis dhewe. Tuladha :

Mie ayam ing warung “ Marem Miraos “pancen cocok karo
jenenge. Porsine samangkok wis gawe wareg tenan. Miturut Pak
Sugiharta sing kagungan warung, mie-ne kenyal, amarga digawe saka
bahan sing apik kualitase. Daging ayame dimasak nganggo kecap
sing merk-eastward wis kondhang lan bumbu sing mresep mirasa. Mligi mung
daging ayam, ora katutan balung. Kaldune asli saka sarining ayam
kampung lan saos sambele uga ora murahan. Senajan regane rada
luwih dhuwur tinimbang warung liyane, nanging aku ora gela amarga
jumbuh karo rasane sing sedhep mirasa.

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 68
68

3. Paragraf Deskriptif Objektif
Paragraf iki nggambarake sawijining kaanan / objek kanthi apa anane tanpa
ditambahi opini utawa panemune si panulis. Tuladhane :

Pare mujudake tanduran sing asale saka kawasan Asia Tropis.
Tanduran iki kalebu tuwuhan rerungkudan sing urip kanthi cara
rumambat utawa nlosor lan ngrembaka kanthi sulur sing wujude kaya
spiral. Godhonge tunggal ana lugute lan ana gagange sing dawane
udakara 10 cm. Wohe lonjong dawa, rupane ijo, kuning, tekan jingga,
rasane pait. Isine atos warnane coklat semu kuning,
kembange ules kuning enom.

Kaya ngono mau jinis-jinise paragraf deskripsi. Saka tuladha mau para siswa
mengko bisa gladhen nulis paragraf lan karangan deskriptif.

TUGAS 2

Adhedhasar teks wacan Upacara Tingkeban ing dhuwur mau, coba saiki
rembugen karo kancamu, upacara adat apa sing nganti wektu iki isih dipengeti ing
tlatah Pemalang. Ana akeh, pilihen salah siji bae nanging aja padha karo teks sing wis
ana ing buku Pandhu Basa. Nyuwuna priksa kanthi wawancara marang para sesepuh ing
desamu, utawa bisa uga para siswa golek andharan bab upacara adat Jawa ing
internet. Sabanjure, garapen tugas iki !
1. Rembugen bebarengan karo kelompokmu ngenani upacara adat saka oleh-

Baca Juga :   Jelaskan Upaya-upaya Yang Dapat Dilakukan Untuk Mengatasi Kemacetan Lalu Lintas

olehanmu wawancara utawa download saka net mau !
2. Golekana gagasan-gagasan pokok sing ana ing upacara mau. Upamane :

– Upacara mau tujuane kanggo apa.
– Tata cara / lumakune acara urutane kepriye.
– Ubarampe utawa perlengkapan sing dibutuhake apa bae.
– Pitutur luhur utawa perlambang apa sing ana ing upacara mau.
three. Kabeh mau bisa koktulis ing bukumu sanajan isih grambyangan durung runtut sing
wigati informasine dijangkepi.
4. Sawise data-datamu kokanggep cukup gawenen cengkorongan / kerangka
teks deskriptif ngenani upacara adat pilihanmu.

TUGAS three

Tulisen teks deskriptif ngenani prastawa upacara adat manut cengkorongan sing
wis digawe kelompokmu mau. Tetembungan sing kokenggo bisa nganggo basa
ngoko. Panulise sing runtut kaya tuladha sing wis ana ing dhuwur. Yen wis dadi, wacanen
garapanmu ing ngarep kelas supaya bisa dibiji kancamu.

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 69
69

UJI KOMPETENSI KETRAMPILAN Wacanen
kanthi permati banjur wangsulana pitakonane kanthi patitis!

Pahargyan Tedhak Siti

Ana sawetara prastawa sing dianggep wigati ing panguripane wong Jawa.
Kanggo mengeti prastawa mau lumrahe wong Jawa banjur nganakake pahargyan
minangka tandha puji sokur marang Gusti Kang Akarya Jagad. Salah sijine yaiku
pahargyan tedhak siten. Pahargyan tedhak siten dianakake wong tuwa kanggo
putrane nalika putra ngancik umur pitung wulan utawa pitung lapan. Lumrahe nalika
bocah umur pitung lapan dheweke wiwit ajar mlaku utawa ngambah lemah mula
pahargyane diarani ” tedhak siti ” utawa uga diarani ” ngudhun – udhuni
”. Ancase pahargyan iki yaiku ngenalake alam lingkungan marang bocah supaya
bocah ora kaget marang alam sakiwa tengene klebu lemah sing di idak – idak ing
saben dinane.

Pahargyan tedhak siten diwiwiti kanthi nyirami putra – putri sing arep di
upacarani nganggo sekar setaman ( mlathi / melur, kanthil, lan mawar ). Kembang –
kembang mau mengku teges: mlathi / melur kanthi pengajab supaya putra – putri
mau bisa duwe tekad sing ora melar – melur. Kembang kanthil kanthi pengajab
supaya putra – putri bisa kasinungan wewujudan ( jasmani ) lan kaprigelan sing
marakake sapa bae gampang kumanthil. Dene kembang mawar kawentar ngganda
arum bisa gawe alusing kulit, dadi sapa bae sing nyawang bakal welas lan kasmaran.
Sawise disirami, putra diagemi busana anyar sing pinilih supaya nengsemakake para
rawuh sing mriksani.

Sabanjure putra – putri diambahake ing siti ( lemah ) sing diwenehi krikil utawa
lambaran liyane. Rampung kuwi putra ditetah midak jadah pitung warna sing ditata
kanthi dilambari pupus pisang. Anggone midak jadah diwiwiti saka warna putih banjur
warna liyane. Midak jadah warna – warni dilambari pupus pisang nggambarake
maneka warna kedadean sing dilakoni jroning panguripan. Ana susah uga
bungah. Ing pangajab kabeh iku kudu bisa di pupus, ditampa kanthi ati sing
legawa. Jadah sing diidak – idak mau biasane didum marang para tamu sing
rawuh, kanggo oleh – oleh menyang dalem saperlu kanggo jontrot supaya putra
– putrine gampang antuk jodho lan gampang antuk momongan.

Sawise putra midak jadah diterusake menek andha sing diwangun kayadene

palenggahane raja. Menek andha tebu kanthi pangajab putra bisa nggayuh

gegayuhan luhur. Tembung tebu yen dikerata basa asale saka tembung ”

antebing kalbu ”. Dadi, gegayuhan sing luhur mau bisa kasembadan yen dilakoni

kanthi mateping ati. Lenggah ing dhuwur kayadene raja ancase supaya bisa dadi

pemimpin sing becik tumrap pribadine dhewe uga ing bebrayan agung.

Mudhun saka andha tebu putra dilebokake ing kurungan sing ing jerone wis

dicawisi maneka warna ubarampene wong urip manut apa kersane wong tuwane,

kaya ta : dhuwit, pari, potelot, kaca, tasbih, lsp. Saliyane ubarampe mau uga cumawis

beras kuning lan arta receh saka sing ajine sithik nganti sing larang dilebokake jero

bokor kencana. Kurungan ngemu teges

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil lxx
70

supaya bocah dadi wong sing bisa ngurung utawa nyandhet pepinginan kurang
becik sing bisa nuwuhake kasangsaran. Dene barang apa sing dipilih dening putra ing
jero kurungan iku manut kapercayan nggambarake pakaryan utawa panguripane
bocah ing besuke. Sawise milih barang, beras kuning lan arta receh disebar ing
ngarepe para tamu ben diagem rayahan ( udhik – udhik ) minangka pratandha yen
barang mau mujudake amal sedhekahe sing kagungan kersa.

Saliyane ubarampe ing dhuwur uga cumawis ubarampe liyane yaiku : kembang
manca warna, senthir (cemplik), sapu gerang sing diedegake malik ditancepi
brambang – bawang, laos, kunir, kamijara lan dlingo bengle. Uga dom disurupi
benang, kacang ijo lan cuwilan pengilon. Sing pungkasan ora lali tumpeng
salawuhane maneka warna bubur, lan jajan pasar.

Mengkono mau pahargyan tedhak siten sing nganti wektu iki isih di tindhakake
dening wong Jawa. Dene cak – cakane ora mesthi padha antarane panggonan siji
lan panggonan liyane, jumbuh karo unen – unen ” Desa mawa cara negara mawa
tata ”. Nyata yen pahargyan mau mengku teges sing luhur mula wis dadi kuwajiban
kita kudu melu nguri – uri supaya lestari.

( Kapetik: Penyebar Semangat No. 44/
2002 dipunjangkepi sumber sanesipun )
A. Wangsulana pitakon ing ngisor iki nganggo basa krama !
ane. Kenangapa wong Jawa mengeti prastawa sing dianggep wigati ing uripe?
………………………………………………………………………………………………………………..
2. Apa sing diarani pahargyan tedhak siti!
………………………………………………………………………………………………………………..
3. Apa tujuane pahargyan tedhak siti iku?
………………………………………………………………………………………………………………..
4. Kembang setaman sing dienggo nyirami bocah salah sijine kembang mlathi utawa
melur. Terangna apa karepe!
……………………………………………………………………………………………………………….
5. Kenangapa jadah sing wis denggo pidakan bocah terus didum – dumake marang para
tamu?
……………………………………………………………………………………………………………….
6. Terangna apa karepe ubarampe utawa tatacara tedhak siti ing ngisor iki !
a. disirami kembang Kanthi l…………………………………………………………………………………………….
b. disirami kembang mawar …………………………………………………………………………………………..
c. nganggo busana nyar ……………………………………………………………………………………………….
d. midak jadah pitung warna …………………………………………………………………………………………
due east. lambaran pupus pisang ………………………………………………………………………………………………
f. menek andha tebu
g. lenggah ing dhuwur kaya raja
h. dilebokake kurungan
i. bocah milih pari
j. nyebar udhik – udhik

Biji Kapriksa
dina/tangg …………………………
aPl araf Dwija .Paraf Tiyang
Sepuh

Pandhu Basa kelas 9 semester Ganjil 71
71

Ngupakara Tegese

Source: https://anyflip.com/thgcc/hylz/basic