Sing Ngandhan Andhan Iku

Sing Ngandhan Andhan Iku




TRESNANE WARANGGANA

Ratmi prawan ayu sing lencir kuning. Rambute dawa ngandhan-andhan. Senajan eseme tansah sinungging prasaja, nanging katon manis ing saben wektu. Njalari akeh jejaka ing desane sing padha kepengin nyoba nyedhaki lan ngrebut atine. Nanging mungguhing Ratmi dhewe, ngenani bab iku kaya-kaya durung patia kepikir. Isih adoh nyamut-nyamut saka kekeraning kekarepan. Dheweke isih kepengin legan. Bebas.

“Ratmi, sawise kowe lulus saka SMU, banjur arep ngapa?”

Ing sawijining bengi bapake takon, karo lungguh leyeh-leyeh ing kursi dawa kanggo ngilangake rasa kesel awake sawise sedina kemput nyambut gawe ing sawah garapane. Sawah sing dijagakake bisa kanggo tambel butuhe kulawarga, saliyane saka anggone ndhalang sing wis dadi pegaweyane.

“Iya Ndhuk, kowe apa ora kepengin mbacutake kuliah?” simboke melu nyambung rembug.

Ratmi isih meneng, durung wangsulan. Sedhela-sedhela unjal ambegan landhung.

“Yen kowe kepengin kuliah, ya ora apa-apa. Aku malah seneng. Senajan aku lan simbokmu sing pancen ora nate mambu bangku sekolah, nanging dadi wong tuwa bakal luwih seneng lan marem yen nyipati anakku sekolahe dhuwur,” kandhane bapake maneh. Mantep.

“Aku wektu iki kok isih bingung ta, Pak,” banjur keprungu tembunge Ratmi alon, nanging sajak aleman.

“Bingung nggon apa, Ndhuk?” pangoyake bapake.

“Yen aku mbacutake kuliah, aku kok kudu mikir kaping sewu maneh, Pak.”

“Mikir bab apa?” simboke nyaut.

Ratmi ora wangsulan. Malah meneng maneh. Panyawange kanthi tajem katujokake marang wong tuwane sakloron sing ana ngarepe.

“Pak, Mbok…. Kuliah ing jaman kaya saiki, ragade ora murah, lho! Larang banget. Yakuwi sing dadi pikiranku sasuwene iki. Karomaneh aku ya ngrumangsani yen mung anake dhalang kampung, sing asile ora temtu lan ora bisa dijagakake. Kadhang-kadhang becik, kadhang-kadhang elek. Senajan bapak uga nggarap sawah mung sacluwek sing asile uga ora sepira,” celathune Ratmi alon. Sajak nelangsa.

Bapake ora enggal-enggal omong. Malah meneng, bareng krungu guneme anake wadon sing kaya ngono iku. Sakala ati tuwane rumangsa trenyuh, campur seneng lan mongkog, dene anake wadon bisa mikir tharik-tharik tekan semono. Bisa melu mikir kebutuhane kulawarga, ngerti samubarang bab ing satengahe panguripan kaya jaman saiki sing nyatane pancen angel banget ditemah.

Baca Juga :   Let's Take Mrs Harrison to the New Italian Restaurant

“Kowe ora perlu ndadak mikir tekan semono, Ndhuk. Bab kowe arep mbacutake kuliah, iku perkara sing gampang. Bapakmu sing elek-elek kaya ngene, rak ya isih kuwat lan saguh ngragadi kuliahmu,” kandhane bapake maneh nggedhekake pengarep-arepe.

Ratmi banjur nyawang bapake maneh kanthi mripat sumunar.

“Yen aku kudu kuliah, njur aku arep kuliah nggon apa?”

“Yen kowe isih bingung, aku kok duwe panemu. Kepriye yen kowe kuliah ing Jurusan Karawitan wae?” panarine bapake.

“Karepe bapak?” Ratmi ndengengek.

“Ngene, Ndhuk. Yen kowe kuliah ing babagan seni karawitan, mesthine rak ora bakal kangelan. Dikaya ngapa wae, kowe rak ya wis wanuh seni karawitan, utawa malah wis diarani bisa. Karomaneh
mengkone kowe rak bisa luwih nekuni donyane waranggana kaya sing sasuwene iki kokgilut. Lan sapa ngerti, ing mengkone kowe bisa dadi sawijining waranggana kondhang pinunjul. Sepisan maneh, sapa ngerti? Lan sing cetha, bapakmu sing mung dadi dhalang desa, mesthine bakal bombong yen duwe anak sing dadi waranggana kondhang.

“Iya Ndhuk, pancen apik gagasane bapakmu kuwi,” simboke melu njurungi.

* * *

Sidane Ratmi banjur kuliah ing seni karawitan, kaya sing dadi panjurunge wong tuwane. Samubarang kawruh ngenani karawitan sing diwulangake, kaya-kaya gampang ditampa Ratmi. Ora kangelan. Donyane waranggana kaya sing wis digilut sasuwene iki, terus disilemi. Disinau lan disinau terus. Nganti ora tepung wektu.

Wektune mrambat alon, nanging ajeg. Ora rinasa Ratmi anggone kuliah seni babagan karawitan, ngerti-ngerti wis tekan ing tataran dhuwur. Ing semester pungkasan, kang ateges meh rampung.

Sing ndadekake kaget lan gumune wong akeh, Ratmi saiki wis kasil dadi sawijining waranggana kondhang. Dheweke asring dikanggokake sapa wae. Ya dhalang, ya paguyuban karawitan lan liya-liyane. Tur bayarane cukup lumayan.

“Ratmi, ana sing nggoleki,” kandhane kanca nunggal kost saka njaban kamar ing sawijining dina.

“Sapa?” pitakone Ratmi gugup.

“Wis ta, mengko rak ngerti dhewe.”

“Yen ngono, akonen ngenteni ing ruang tamu dhisik. Aku lagi salin.”

Baca Juga :   Tangan Memegang Raket Di Bagian Ujung Tangkai

Ratmi banjur ibut salin penganggo. Sawise rampung, banjur cepet-cepet jumangkah menyang ruang tamu.

“O, Mas Arih ta?” tembunge Ratmi sawise manyuk ing ruang tamu, sabanjure lungguh ing ngarepe tamune. Dene wong lanang sing diundang Arih, mung nggleges.

“Saka ngendi wae iki mau, Mas?”

“Saka omah wae,” wangsulane tamune.

Ratmi banjur meneng. Semono uga karo Arih. Saiki sekarone padha meneng, kaya kentekan tembung. Swasana ing ruang tamu iku dadi sepi sawetara. Mung keprungu napas sekarone sing sajak lagi padha nata ukara sing bakal diucapake.

“Ana perlu apa, Mas?” ukarane Ratmi mecah sepi. Keprungu rada kedher.

Arih unjal ambegan landhung.

“Aku mung kepengin nggenahake masalah sing wis dirembug pirang-pirang dina kepungkur kae,” guneme Arih ngati-ati.

Cep klakep. Ratmi banjur meneng, bareng krungu tetembungane Arih sing kaya ngono iku. Dumadakan pikirane dadi bingung. Bingung banget. Awit Ratmi wis bisa mbatang lan ngerti, yen Arih ing wektu iki bakal njaluk wangsulan sing cetha lan gumathok saka dheweke. Wangsulan iya utawa orane ngenani kesaguhane bakal diajak urip bebarengan. Mbangun bebrayan anyar ing satengah-tengahe panguripan sing usreg iki.

Ratmi suwe anggone meneng. Mikir perkara iku, saya suwe pikirane saya bingung lan mumet. Awit yen arep kandha iya utawa saguh, ing kasunyatane isih ana priya liya sing pranyata uga banget ditresnani. Dene yen arep kandha ora, nyatane dheweke uga tresna karo Arih.

“Rat, geneya kok malah meneng wae?” pitakone Arih alon nanging sajak adreng.

Ratmi unjal ambegan landhung.

“Mas Arih, sajak ing wektu iki aku kok durung bisa aweh wangsulan,” wangsulane Ratmi luwih ngati-ati.

“Geneya?”

“Embuh, Mas. Sing cetha wektu iki aku ora bisa aweh wangsulan kaya sing kokkarepake.”

“Lha njur kapan?”

Ratmi bali unjal ambegan landhung maneh.

“Mbokmenawa seminggu-seminggu maneh,” Ratmi wangsulan sakecandhake.

Katone Arih bisa nampa kahanan kaya ngono iku. Sawise dirasa perlune cukup, banjur pamitan. Sabanjure Ratmi mlayu mlebu kamare. Nangis ngguguk mikirake lelakone iku. Awit rumangsa bingung maneh, nalika kudu nemtokake pilihan antarane priya loro endi sing kudu dipilih. Suwe anggone nenimbang, nanging tetep ora ana asile. Ratmi tetep bingung lan ora bisa milih. Pungkasane Ratmi mung bisa lenger-lenger dhewe.

Baca Juga :   Nuruddin Ar Raniri Adalah Seorang Sastrawan Yang Terkenal Pada Masa

Ing seje dina, Ratmi uga banjur ketekan wong lanang sing aran Lilik, sing uga banget ditresnani. Lilik uga ndheseg, kepriye keputusane Ratmi yen diajak urip bebarengan. Mesthi wae Ratmi dadi saya bingung. Kaya nalika ngadhepi Arih. Saupama arep nolak, nyatane atine wis tresna banget karo Lilik.

“Piye, Ratmi?” pitakone Lilik kebak pengarep-arep.

“Aku durung bisa menehi wangsulan sing cetha marang Mas Lilik. Mbokmenawa rong-rong minggu maneh,” Ratmi kepeksa semaya maneh.

Nyipati Ratmi sing sajak durung bisa menehi wangsulan, Lilik mung meneng. Senajan batine gela, nanging ora arep ngoyak maneh. Ora permit suwe banjur pamitan mulih. Sapungkure Lilik, Ratmi saya bingung awit ora bisa nemtokake pilihan antarane priya loro sing padha dene banget ditresnani iku. Siji priya aran Arih, sawijining guru sing wis duwe pengasilan ajeg, watake jujur lan bisa dipercaya. Dene sijine maneh, Lilik sawijining pegawe bank swasta sing uga duwe pengasilan ajeg, watake blak-blakan lan bisa mangerteni kahanane sawutuhe, ndarbeni kasetyan lan katresnan sing gedhe.

Senajan pikirane diulur-ulur nganti dawa, parandene Ratmi tetep ora bisa nemtokake pilihan, endi sing kudu dipilih. Awit padha abote. Ah, Ratmi saben-saben mung bisa nggresah dawa, yen mikir bab iku. Wusana bisane mung lenger-lenger kaya wong linglung.

Kegawa panandhang sing dirasa banget abot sing tansah ngruket jiwane iku, njalari Ratmi sedina-dinane banjur dadi kurang greget mecaki urip iki. Kaya-kaya samubarang kang katindakake mung sarwa ora kebeneran. Mangan ora doyan lan kurang turu, kang njalari awake dadi kuru.

“Ah, lelakon kok kaya ngene? Tangeh lamun yen aku kudu nduweni priya loro sing padha-padha daktresnani?”

Ing
sawijining dina, ing kost-kostane Ratmi geger kepati. Ratmi ditemokake wis tanpa nyawa, gumlethak ing kamare. Miturut dokter sing mriksa, tiwase Ratmi waranggana kondhang iku krana ngombe obat sing over dosis.


(Jawa Anyar, No. one / 5-19 Januari 1998)

Sing Ngandhan Andhan Iku

Source: https://irulsbudianto.blogspot.com/2015/09/normal-0-false-false-false_265.html