Wedang Kopi Gula Jawa Aja Lali
Wedang Kopi Gula Jawa Aja Lali
Parikan yaiku tetembungan utawa unen-unen kag nduweni pathokan utawa paugeran ajeg. Tembunge liya parikan iku rerangkening tembung kang awewaton gunggungin wanda, runtuting swara (vokal), lan nganggo pathokan pambuka sarta tundhone isi dadi bakuning karep (maksud). Ing piwulang Basa Indonesia diarani pantun. Umpamane :
one.
Cacahe wanda ukara sepisan , kudu padha karo ukara kapindho.
2.
Ukara kang ngarep mung kanggo bebuka, dene ukara sabanjure minangka isi (wose)
3.
Tibaning swara ukara sepisan, kudu padha karo ukara kapindho.
4.
Parikan biasane kedadeyan saka rong gatra, nanging uga bisa patang gatra
5.
Bisa kedadeyan saka patang wanda saben sagatra lan uga bisa kedadeyan saka wolung wanda saben sagatra.
TULADHA :
No |
Tuladha |
Sumber |
1 |
|
Wonosari.com |
|
||
2 |
Bir temulawak |
Wonosari.com |
Yen dipikir ngrusakne awak |
||
3 |
Gatot koco mangan gombong |
Wonosari.com |
he konco ojo mung ndomblong |
||
4 |
Sego tanak lawuhe paru |
Wonosari.com |
bareng penak lali turu |
||
5 |
Ana brambang sasèn lima, |
Wikipedia.com |
Berjuang labuh negara |
||
6 |
Manuk emprit nucuk pari,.. |
Wikipedia.com |
Dadi murid sing taberi |
||
seven |
Jambu apa jeruk, |
Wikipedia.com |
Aku mèlu apa éntuk |
||
eight |
Manuk kutut, manggung ngganter. |
Wikipedia.com |
Yèn ra nurut, bisa keblinger |
||
nine |
Manuk emprit, ménclok godhong tebu. |
Wikipedia.com |
Dadi murid, sing sregep sinau. |
||
ten |
Jemèk-jemèk gula jawa, |
Wikipedia.com |
Aja sok ngenyèk karo kanca |
||
11 |
Kutha Kendhal Kaliwungu, |
Wikipedia.com |
Ajar kenal karo aku |
||
12 |
Wédang bubuk, gula jawa. |
Wikipedia.com |
Yèn kepethuk ati lega. |
||
13 |
Wajik klêthik gulå abang. |
Ki Demang |
Aja suthík, yèn tumandang |
||
14 |
Gódhóng kêcipír, mrambat kawat. |
Ki Demang |
Najan ora mampír, nangíng liwat. |
||
15 |
Kêmbang jagung, dipêthik Cina. |
Ki Demang |
Barang wis kadhúng dikapaknå. |
||
16 |
Manuk êmprít, ménclóok gódhóng têbu. |
Ki Demang |
Dadi murid, sing srêgêp sinau. |
||
17 |
Manúk kutút, manggúng nggantêr. |
Ki Demang |
Yèn ra nurút, bisa kêblingêr. |
||
18 |
Yèn kêmbang kêmbangé kacang, dudu kêmbange púspa nyidrå. |
Ki Demang |
Sih cilík dikudang-kudang, barêng gêdhe gawe rekåsa. |
||
nineteen |
Yèn kêmbang kêmbangé lamtårå, dudu kêmbang wora-wari. |
Ki Demang |
Mumpúng sirå isih mudhå, sing tabêri ngati-ati |
||
20 |
Esuk nyulIng sore nyulíng, sulingé arèk Suråbåyå. |
Ki Demang |
Esuk elíng sore elíng, síng diélíng ora rumångså. |
||
21 |
Ésúk nêmbang soré nêmbang, têmbangané asmårådånå. |
Ki Demang |
Esuk ngadhang soré ngadhang, síng diadhang ra tekå-tekå |
||
22 |
Lunga ngarit nang kulon kali sangua senik wadhahé sega Dadi murid kudu ngulina tumindak becik laku utama |
Wikipedia.com |
23 |
Tuku jarit nang Pasar Turi murah regané maremaké ati Dadi murid kudu ngajèni marang guru aja sok wani |
Wikipedia.com |
24 |
Lunga Bengkulu tuku perkutut sing ngati-ati dalané gawat Dhawuhé guru kudu diturut supaya ngèlmuné bisa manfaat |
Wikipedia.com |
25 |
Ungsum tikus kudu diracun cara gropyokan kudu disengkut Karo kancané kudu sing rukun aja tukaran drengki lan kasud (master) |
Wikipedia.com |
26 |
Abang-abang gendéra Landa, ana sing ijo kok milih putih Baujang manèh ora ngluyura, sing duwé bojo ra tau mulih |
Wikipedia.com |
27 |
Bibi Surip tuku klobot, pethuk encik tawa roti Uwong urip pancèn abot, mula becik ngati-ati |
Wikipedia.com |
28 |
Ésuk nakir, soré nakir, sing ditakir godhong plasa Ésuk mikir soré mikir, Sing dipikir ora rumangsa |
Wikipedia.com |
29 |
Yèn kembang kembangé kacang, dudu kembange puspa nyidra. Sih cilik dikudang-kudang, bareng gedhe gawe rekåsa. |
Wikipedia.com |
30 |
Ésuk nyuling sore nyuling, sulingé arèk Surabaya. Ésuk eling sore eling, sing diéling ora rumangsa. |
Wikipedia.com |
31 |
Awan-awan aja keluyuran, ana pak mantri numpak sekuter. Kapan-kapan aku keturutan, duwe kanca sinauné pinter |
Wikipedia.com |
32 |
Ésuk nembang soré nembang, tembangané asmaradana. Ésuk ngadhang soré ngadhang, sing diadhang ra teka-teka |
Wikipedia.com |
33 |
Ali-ali ilang matane, |
Weblog Rosyad |
34 |
Suwe ora jamu |
Blog Rosyad |
35 |
Bibi surip tuku klobot, Pethuk encik tawa roti Uwong urip pancen abot, Mula becik ngati-ati. |
Modul B. Jawa |
36 |
Jangan kacang jangan kara, Kaduk uyah kurang gula. Piwelingku mrimg pra mudha, Aja wedi ing rekasa. |
Modul B. Jawa |
37 |
Ndelok manten Ning Omahe Mumun Cekap semanten Lan matur nuwun |
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com |
38 |
Tuku clurid Menyang nggone septi Dadi murid Kudu ngabekti |
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com |
39 |
Sapi manak Menyang omahe heri Dadi anak Kudu taberi |
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com |
40 |
Kebo manak Mangan dami Dadi anak Kudu ngajeni |
Aakkuucintaindonesa.blogspot.com |
41 |
Tuku pit Etuk emas Yen ngepit Alon wae mas |
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com |
42 |
Tuku wadah iwak teri Dadi bocah Ojo seneng ngapusi |
Aakkuucintaindonesia.blogspot.com |
43 |
Wajik klethik, gula jawa Kalah dhisik, ora papa. |
Modul B. Jawa |
44 |
Ngasah arit, nganti landhep. Dadi murid, kudu sregep. |
Modul B. Jawa |
45 |
Tawon madu ngisep sekar Golek ngelmu kudu sabar |
Kawruh basa jawa |
46 |
Wedhang kopi gula jawa Aja lali karo kanca |
Kawruh basa jawa |
47 |
Kembang mlathi, ganda arum warni peni,mlathi Watak putrid, kudu gemi lan nastiti |
Kawruh basa jawa |
48 |
Tawon madu, ngisep sari kembang jambu Aja nesu, yen dituduhke luputmu |
Kawruh basa jawa |
49 |
Rujak wuni, rujake wong wetan kali Sing taberi, ja ketungkul nonton tivi |
Kawruh basa jawa |
50 |
Kembang salak sumebar tengahing bulak Aja anggak, luwih becik sumanak |
Kawruh basa jawa |
51 |
Kembang jambu sedhompol mekroke telu Timbang nesu, ayo kanca mesem ngguyu |
Kawruh basa jawa |
52 |
Kayu urip ora ngepang Iji-ijo godhong jati Uwong urip ora gampang Mula padha ngati-ati |
Kawruh basa jawa |
53 |
Bengi-bengi aja adus Mundhak diwedeni medi Aku muji kabeh lulus Bisa klebu neng perguruan tinggi |
Kawruh basa jawa |
54 |
Tuku ragi Menyang sekar pace Parikan iki mugi-mugi Kathah manfaate |
– |
55 |
Tuku oleh-oleh Menyang rantau Muga-muga kabeh Tambah sregep sinau |
– |
Wangsalan yaiku unen-unen utawa tetembungan sing saemper cangkriman, nanging batangane (wangsulane) wis dikandhakake. Mung anggone ngandakake ora kanthi melok, jelas utawa cetha, nanging sarana disebutake sawanda utawa luwih. Wangsalan ana kang gampang ditegesi, nanging uga ana kang kudu njlimet anggone nggoleki karep kang saknyatane.
Wangsalan iku anasesebutane dhewe-dhewe, yaiku:
1.
Wangsalan Lamba, yaiku wangsalan kang isih prasaja
2.
Wangsalan Rangkep, yaiku wangsalan kang sinebut ing saben sagatra rangkep utawa ana rong wangsalan saben sagatra.
3.
Wangsalan Memet, yaiku wangsalan kang anggone nggoleki karepe tembung ora mung sepisan, mula kudu luwih tliti
4.
Wangsalan Pdintenan, yaiku wangsalan kang digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, yen dirungu kaya wis kulina krungu, mula bisa dadi tembung nggregetake.
5.
Wangsalan Edipeni, yaiku wangsalan kang ngemu surasa pitutur kang becik.
6.
Wangsalan Nganggo Pathokan Tinamtu, yaiku wangsalan kang wis cetha pathokane lan tegese saka tembung kang diwangsalake wis cetha.
7.
Wangsalan Sianwung ing Tembang saha Gending
TULADHA :
No. |
Tuladha |
Sumber |
ane |
Lombok cilik, dikandhani malah mecengis |
Modul |
2 |
Widheng galeng, tekamu apa padha rahayu |
Modul |
3 |
Mrica kecut, singgat toya Saunine, wong sengit nggregetake |
Modul |
4 |
Uler kembang, yen trima alon-alonan |
Modul |
5 |
Nyaron bumbung, cengklungen anggonku ngenteni. |
Modul |
6 |
Jarwa Prapta, aja duka ya! |
Modul |
7 |
Carang wreksa, wreksa kang rinengga janma |
Modul |
eight |
Nora gampang, golek kawruh mrih kaonang |
Modul |
9 |
Gayung sumur, aja kemba aja mundhur |
Modul |
10 |
Kapi jarwa, dakpethek mangsa luputa |
Modul |
11 |
Njanur gunung |
Wikipedia.com |
12 |
Pindang lulang, kacek apa aku karo kuwe (Pindhang lulang = Krecek) |
Wikipedia.com |
13 |
Jenang sela, wader kalen sasonderan. (Apu, sepat) Apurata, yen wonten lepat kawula |
Wikipedia.com |
14 |
Wong kae sajatine wis krungu kandhaku, nanging njangan gori. |
Wikipedia.com |
15 |
Sayuk rukun, wulang wido mangsa rowang |
Wikipedia.com |
xvi |
Sayektine, wit saking bondho kawula |
Wikipedia.com |
17 |
Tepi wastra, wastra kang tumprap mustaka. |
Wikipedia.com |
xviii |
Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn) |
Wikipedia.com |
xix |
Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan) |
Wikipedia.com |
20 |
Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali) |
Wikipedia.com |
21 |
Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras (godhong garing = klaras) |
Wikipedia.com |
22 |
Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok) |
Wikipedia.com |
23 |
Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa) |
Wikipedia.com |
24 |
Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada) |
Wikipedia.com |
25 |
Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok) |
Wikipedia.com |
26 |
Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg) |
Wikipedia.com |
27 |
reca kayu |
Kedai ku |
28 |
bayem arda |
Kedai ku |
29 |
kukus gantung |
Kedai ku |
thirty |
durna putra |
Kedai ku |
31 |
gayung sumur |
Kedai ku |
32 |
bibis tasik |
Kedai ku |
33 |
tapas aren |
Kedai ku |
34 |
saron agung |
Kedai ku |
35 |
cipta arda |
Kedai ku |
36 |
mamet tirta |
Kedai ku |
37 |
Bok ajanglemah bengkah. (nglemah bengkah = tela = nyela nyela) |
Kedai ku |
38 |
Wah,mandhan rawa lho kowe, bareng macak Jawa ( pandhan rawa = wlingi/manglingi |
Kedai ku |
39 |
Mung kepengennggentha dara. ( gentha dara = sawangan = nyawang) |
Kedai ku |
40 |
Yen ora nesu, geneya kowe kokmentil kacang,mrengutterus. ( mentil kacang = sungut = mrengut) |
Kedai ku |
41 |
Kancing gelung munggweng dhadha |
Kedai ku |
42 |
Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan |
Kedai ku |
43 |
Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih |
Ki Demang |
44 |
Kêmbang jambu, kêmaruk duwé dolanan anyar. |
Ki Demang |
45 |
Roníng mlinjo, sampún sayah nyuwún ngaso. |
Ki Demang |
46 |
Klåpå mudhå, yèn kalegan paringa apurå. |
Ki Demang |
47 |
Kêmbang gêmbili sênêng-sênêng olèh rêjêki. |
Ki Demang |
48 |
Witíng klåpå jawåtå ing ngarcåpådå. Salugune wóng mudhå gelem rekåså. |
Ki Demang |
49 |
Kolik priyå priyagung anjani putrå. (kolik priyå = manuk tuhu). |
Ki Demang |
50 |
|
Wikipedia.com |
51 |
Pangkur Lamba (slendro Pantet ix)
Purwaka (buka,Basa) Kembang adas sumebar neng tengah alas Tuwas tiwas anglabuhi wong ora waras Alah bapak, balung jagung saguhku isih janggelan Wiwit gerong sing baku Lagu gendhing pangkur lamba Maweh gumirah wardaya Tur mathuk kinarya aba Mlaku bareng ulah raga Balung jagung:maksude janggel Janggelan = during tetep, isih kudu janji maneh, sendhe, bisa uga wurung. |
Wikipedia.com |
Wedang Kopi Gula Jawa Aja Lali
Source: https://kunianita.blogspot.com/2013/11/bahasa-jawa_24.html