Sebutna Sumber Cerita Wayang Purwa

Sebutna Sumber Cerita Wayang Purwa





Wayang beber



Wayang iki nggunaake beber utawa kain kang digambari. Lumrahe lakone ngenani Kraton Kediri, Ngurawan, Singasari, utawa kondhang dening lakon-lakon crita Panji.





Wayang kulit

Wayang Kulit iku sajinising pagelaran wayang sing nrapaké bonékah-bonékah saka kulit. Jinis wayang iki kang paling disenengi ing Tanah Jawa. Wayang iki digawe seka kulit kang ditatah lan dientha kaya dene manungsa. Umumé wayang kulit nggunaake lakon Wayang Purwa, nanging ana uga kang nganggo Crita Menak lan Babad Tanah Jawa, crita agama (Kristen, Buddha), perjuwangan, lan maneka warna crita liyane.

Wayang kulit dimainké ing layar putih kang sinebut kelir. Dene wayang-wayang kuwi ditancepaké ing debog lan ana ing sisih tengen lan kiwa dhalang. Gamelan kang ana ing sisih mburi ngiringi pagelaran iki. Pagelaran wayang wis diakoni déning UNESCO ing tanggal seven November 2003, dadi karya kabudayan kang édi péni ing babagan crita dongéng lan warisan sing berharga banget (Masterpiece of Oral and Intangible Heritage of Humanity). Suwaliké, UNESCO nyuwun supaya Indonesia njaga (preserve) warisan kuwi.





Panyebaran

Wayang iki ora mung sumebar ing Jawa waé, nanging uga ing tlatah liya ing Nuswantara. Wayang kulit sumebar ing tanah Jawa lan uga perangan Nusantara, nanging wayang iki luwih disenengi dening wong Jawa Tengah lan saperangan Jawa Wetan. Ing antarane panggonan siji lan liyane nduwe gagrag dhewe-dhewe, sing paling gedhe yaiku Gagrag Ngayogjakarta karo Gagrag Surakarta. Gagrag Banyumas lan Gagrag Pesisiran uga kondhang ing tlatahe dhewe.

Ing jaman saiki, pagelaran wayang antuk owah-owahan. Campursari lan dhagelan mlebu ing antarane pagelaran mau. Amarga wayang uga wis mlebu dadi acara televisi, suwene pagelaran kang asline sewengi sok dikurangi dadi sawetara jam thok.






Wayang klithik

Wayang iki campurane wayang golek lan wayang kulit. Praupane kaya wayang kulit nanging digawe seka kulit. Amarga seka kayu, awake wayang tanpa cempurit. Pagelarane ora nganggo kelir/layar. Debog kanggo tancepan diganti nganggo kayu kang wis dibolongi, jenenge slanggan. Wayang iki wis ora nate maneh digelar.

Baca Juga :   Bahasa Inggris Nya Payudara


Wayang Golèk





Wayang gedhog

Ing basa Jawa kuno, gedhog artine jaran. Gedhogan artine kandhang jaran. Nanging ana uga kang maknani gedhog seka thuthukane dhalang ing wadhah wayang sing munine dhog dhog dhog. Banjur apa sesambungane karo jaran?

Wayang gedhog asring nganggo lakon Crita Panji. Ing lakon iki pangeran-pangeranne nganggo jeneng Kudha, kayata Kudha Wanengpati. Ing jaman Kasultanan Demak, ana wayang gedhog kang nganggo lakon wayang purwa. Ana uga kang nganggo crita kethoprak, kayata Damarwulan.

Wangune wayang gedhog kaya wayang kulit. Wayang iki digawe seka kulit kanthi tatahan satriya sabrangan. Bedane maneh, ing kene mung ana patang macem praupan. Rupa kaya raseksa lan wanara ora ana. Praba lan topong uga ora ana.

Wayang Golek iku sawijining seni tontonan wayang sing kagawé saka bonéka kayu. Wayang iki populèr banget ing wilayah Tlatah Pasundhan.



[sunting] Pranala njaba





Wayang Menak

Wayang Ménak iku wayang sing critané adhedhasar lakon ménak. Wayang ménak umumé nganggo wayang golèk (wayang golèk ménak), nanging uga ana sing nganggo wayang kulit. Sapérangan wong uga nyebut kanthi aran wayang tengul.

Wayang iki digawé déning Ki Trunadipura, sawijining dhalang seka Baturetna, Surakarta, ing jaman Mangkunegara Seven (1916-1944).

Wayang golèk ménak diwènèhi sandhangan kaya wayang kulit purwa, yaiku kanthi nganggo jamang, kuluk, sumping, lan sapanunggalané. Gandhèng critané njupuk seka crita ménak sing asliné seka Persia, mula paraga wayangé kaya wong Arab, yaiku nganggo jubah.





Wayang Kancil

‘’’Wayang kancil’’’ iku klebu wayang mod sing diciptaaké ing taun 1925 déning Bo Liem. Wayang iki migunaaké crita-crita kéwan. Wayangé digawé seka kulit, lan pisanané ditatah déning Prevarication Also Hien sing cacahé kurang luwih 100 paraga. Paraga sing kondhang yaiku Si Kancil sing pinter. Lakon sing kondhang yaiku Kancil Nyolong Timun.

Lakoné dijupuk seka Serat Kancil Kridhamartana anggitané Radèn Panji Natarata.

Wayang iki banjur diterusaké lan disampurnaaké déning Radèn Mas Sayid ing taun 1943.

Gandhèng wayang iki umumé ditonton bocah cilik, pagelarané mung udakara 1-3 jam ing wayah awan, soré, utawa wiwitan wengi sadurungé bocah cilik padha turu.


Baca Juga :   Innaka Hamidun Majid




Wayang purwa

Wayang Purwa iku sajinising wayang saka Jawa. Para ahli ngira yen ukara purwa dijupuk seka parwa, utawa perangan seka kitab-kitab kakawin kayata Mahabharata utawa Ramayana. Ing bausastra Jawa anyar, ukara purwa uga bisa ngandhut pangerten jaman purba utawa jaman wiwitan. Yen ing versi asline, kitab loro iki ora ana sesambungane. Ing Jawa, ana sesambungan antara rong jaman iki kang banjur dirunut dadi silsilah dhewe.



Pangowahan

Ing tangan para pujangga Jawa, wiracarita loro kuwi diowahi lan ditambahi maneh. Ing pedhalangan, dhalang nduwe kuwasa improvisasi crita-crita cilik, kang banjur kondhang dadi ‘’crita carangan’’.

Wayang purwa ngalami pangowahan kang akeh nalika ing jaman Wali Sanga. Para ulama Islam iki nyoba ngilangi ajaran Hindhu ing Mahabharata lan Ramayana kang asline seka India. Ing wayang kulit, gambar-gambar wayang iki banjur dientha-entha ben ora kaya manungsa. Jimat Kalimasada duweke Puntadewa seka tambahane para wali uga. Semono uga paraga wayang kaya Sang Hyang Giri Nata kang dianggep ngrujuk marang Sunan Giri, salah sijine Wali Sanga.

Ing jaman Mataram Anyar, Walanda nyoba ngrungkebi politik lan panguwasa. Nanging amarga seka kuwi banjur pujangga-pujangga kraton antuk kawigaten. Para pujangga kaya Yasadipura I, Yasadipura Ii, utawa Ranggawarsita nyoba nguripake maneh kasusastran kang magepokan kalawan Mahabharata lan Ramayana iku.



Lakon-Lakon

Yen dideleng kanthi prasaja, lakon wayang diperang dadi loro: pakem lan carangan.



Pakem

Lakon pakem dijupuk seka crita-crita kang ana ing kitab-kitab kuna, kayata: Kakawin Mahabharata, Kakawin Ramayana, Pustaka Raja Purwa lan Purwakandha. Ing antarane crita-crita pakem iku antara liya:

* Bale Sigala-gala



* Pandhawa Dhadhu



* Bharatayudha



* Rama Gandrung



* Subali Lena



* Anoman Dhuta



* Brubuh Ngalengka

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.


Baca Juga :   Translate the Following Sentences Into Indonesian




Carangan

Lakon carangan iku njupuke seka crita pakem kang dikantheni tambahan crita liyane. Seka crita carangan iki banjur akeh gagrag-gagrag kang tansah beda. Paraga-paraga ing wayang uga dadi tambah akeh. Nanging ana kalane gawe bingung, amarga bisa bae lakone padha nanging critane dadi beda. Crita-crita carangan iku antara liya:

* Babad Alas Mertani



* Partakrama



* Aji Narantaka



* Abimanyu Lair



* Peksi Dewata



* Gambiranom



* Semar Mantu



* Bambang Sitijaya



* Aswatama Maling



* Thongthongborong



* Srikandhi Mandung



* Danasalira



* Laire Pandhu



* Laire Dasamuka



* Laire Indrajit



* Bedhah Lokapala



* Tutugipun Lampahan Wilugangga



* Gathotkaca Gandrung



* Antasena Rabi



* Ugrasena Tapa



* Sembadra Larung



* Kresna Kembang



* Narayana Maling Putri



* Bandung Naga Sewu



* Pandhawa Maneges



* Semar Maneges



* Parta Dewa



* Wahyu Topeng Waja



* Wahyu Widayat



* Semar Kuning



* Rama Tambak



* Semar mBarang Jantur



* Anoman Swarga



* Dewa Ruci



* Bima Bungkus



* Gatutkaca Sungging



* Sudamala



* Sumantri Ngenger



* Wahyu Makutharama

Sempalan

Lakon sempalan punika lakon ingkang sampun dados lakon gubahan, benten kaliyan aslinipun amargi dipun saluyuaken kaliyan gagrag anyar kados lakon-lakon Wayang mBeling utawi lakonet anggitan Ki Harsono Siswocarito.

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

* Nurkala Kalimantra Gawe Geger Suralaya



* Prof Dr Bimatanayatatwa



* Gitadarma Dr Mintaraga

Banjaran

Lakon BANJARAN inggih punika jinising lampahan ringgit purwa ingkang nyariosaken lelampahanipun paraga (tokoh) wayang wiwit lahir ngantos seda (kados Biografi ingkang kademel balada). Lakon Banjaran dipun kenalakken dening Alm Ki Nartosabdo. Sinaosa lampahan punika panjang lan ginelar sedalu natas, ananging mboten ngicali bakenipun pagelaran ringgit purwa. Kawiwitan saking talu, jejer I, kaputren, limbukan, bodholan, perang gagal, jejer 2, perang kembang, gara-gara, Jejer III, perang brubuh ngatos tancep kayon. Sawetawis lampahan Banjaran kanthi format MP3 saged dipun undhuh lan midhangetaken ing http://apdnsemarang.wordpress.com/mp3-wayang-kulit/

1. Banjaran Karna



two. Banjaran Abimanyu



iii. Banjaran Gatutkaca



four. Narasoma (Banjaran Salya)



Sebutna Sumber Cerita Wayang Purwa

Source: https://dalang-wayang.blogspot.com/2012/04/jenising-wayang-lan-araning-lakon.html